tJeSiLC_vQ4EjbqutLiN10g1b3k

Jumat, 06 Juni 2014

kebaya hijau kain batik pamiluto





Aku rapopo

Sanadyan rambutku orak iso dimodel macem-macem, mung iso digelung lan dikonde. Aku rapopo.
Sanadyan aku orak iso nganggo klambi model uptodate, nanging kudu nganggo klambi dhowo sing mlepet awak. Aku rapopo.
Sanadyan aku orak iso nganggo rok mini,  nanging kudu nganggo jarik dowo ngantii sikil . Aku rapopo.
Sanadyan sikil lan kémpolku sing sexy orak iso kétok. Aku rapopo.
Sanadyan awakku kudu diblebet nganggo stagen nganti aku orak  iso ambegan. Aku rapopo.
Sanadyan lampahku dadhi kangélan nganti koyo rembetan lan kserimpet-srimpet. Aku rapopo.
Sanadyan wong liyo ngunékké aku ndeso margo orak ngikuti mode.  Aku rapopo.
Sing penting aku iso nguri-uri kebudayan Jowo ingkang ugi dadhos kautamaning wanito Jowo. Mugi-mugi aku kiat ngadepi kaanan iki.